Senin, 13 Februari 2012

BAKUL SING APIK ATINE


Sebenernya ini cerpen yang merupakan tugas mapel b.jawa waktu aku kelas 8 dulu seh. Hehe. So, langsung aja, cekidot ~

Arif kuwi bakul sing apikan. Ing sawijining dina, wektu Arif dodol ing tengah dalan, Arif kepethuk bakul liya jenenge Ali. “ Ngaliho kono, Arif! Iki dalanku! ” jare Ali ngamuk. Arif mung meneng wae lan banjur ngalih ing dalan liya. Sawise Arif ngalih, Ali nawarno barang marang bocah cilik. Bocah cilik kuwi ngadheg ing ngarep omahe. “ gelem tuku dulinan ta, cah ayu? ” jare Ali.“ Tapi kula mboten gadah yutra, nanging kula mung gadah kendi niki. Napa kepareng dilintuni kendi niki? ” jare bocah cilik mau. Ali ndhelengi kendi iku. Ali kaget jalaran kendi iku digawe saka emas. Ali nduweni niyat ala. Bocah cilik iku ora ngerti yen kendine digawe saka emas. Ali arep ngapusi bocah cilik kuwi. Ali apen – apen ora gelem lan banjur apen – apen ngalih.
Sawise Ali ngalih, Arif ngeliwati dalan iku  lan ketemu karo bocah cilik mau. Bocah cilik iku tawa kendine nang Arif banjur Arif  ndhelengi kendi iku lan ngomong, “  Kendi iki digawe saka emas! Aku arep tuku kendi iki karo dhuwitku sak anane. Banjur aku mrene maneh karo dhuwit sing luwih akeh ” jare Arif.
Banjur Arif ngalih lan nggawa kendi iku. Ali, bakul sing licik iku teka maneh.“ Aku sakno karo kowe, cah cilik. Jupuka barang sing kok senengi ing bakulku banjur bayaren karo kendi tuwa mu iku. Aku ikhlas ” jare Ali ngapusi. Cah cilik iku nolak tawarane Ali. Ali kuciwa banjur ngalih saka bocah kuwi.
Esuke, Arif iso ngedhol kendi iku larang. Lan Arif mbayar kendi iku luwih akeh marang bocah cilik kuwi. Arif wis nepati janjine marang bocah cilik kuwi.
Sawise mulih saka dodolan, Arif ngomong marang garwane, “ aku wis ngelakoni keapikan ”. “ Apa awake dhewe banjur sugih? “ takon garwane “ Bener, aku rumangsa sugih saiki amarga iso ngelakoni keapikan. Iku wis marai atiku luwih bungah lan sugih …”

Amanat saka dongeng ing ndhuwur  : dadi wong aja murka lan seneng ngapusi :P

Tidak ada komentar:

Posting Komentar